Wangasalan ten Boso Jowo/ wangsalan di dalam bahasa Jawa/ Wangsalan in Javanese
(Sumber/ source: Abikusno. 1988. Pepak Basa Jawa. Surabaya: express.)
| Wah, kok njanur gunung | Janur gunung= aren, dadi : kadingaren |
| Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak | Rokok cendhak= tegesan, dadi: neges-neges) |
| Aja njenang gula lho, Le! | Jenang gula=glali, dadi: lali |
| Esuk-esuk kok wis nggodhong garing | Godhong garing= klaras, dadi: nglaras |
| Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti yen disapa | Balung klapa= bathok, dadi :ethok-ethok |
| Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar | Kembang jambu=karuk, dadi: kemaruk |
| Sekar aren mas, sampun dangu-dangu | Sejar aren= dangu, dadi: dangu-dangu |
| Roning mlinjo, yen wis sayah kena ngaso | Roning mlinjo=so, dadi: ngaso |
| Kolik priya, wanara anjani putra. Tuhu eman, wong enom wedi kangelan. | (kolik priya-manuk tuhu, dadi tuhu) (putrane pandhita Durna=aswatama, dadi :utama) |
| Witing klapa, jawata ing ngarcapada. Salugune, wong sinau aja sembrana | (witing klapa=glugu, dadi: salugu) (jawata ing ngarcaoada= wong, dadi:wong) |
| Kawi gajah, kramaning watu ing jarwa. Mesthi tetep, anugemi Pancasila | (kawi gajah=esthi, dadi:mesthi) (kramaning watu= sela, dadi: Pancasila) |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar