Paramasastra ten Boso Jowo/ paramastra di dalam bahasa Jawa/ paramastra in Javanese
(Sumber/ source: Abikusno. 1988. Pepak Basa Jawa. Surabaya:Express.)
Jenise tembung jawa:
a) Tembung lingga (=kata asal):
Lan, tur, omah, tuku, Manawa, lempuyang, lan sakpinunggale.
b) Tembung andhahan (=kata jadian):
Nyapu, ditulis, pamikir, kobongan, ombekna, dakwaca, paripeksa, rumaket, ginawa, bola-bali, lan sakpinunggale.
Tembung andhan:
1) Ater-ater (=awalan)
a) ater-ater: a (ma)
a+ klambi =aklambi
a+ guru= aguru =maguru
b) ater-ater anuswara : n, ny, ng, m
n+ tulis =nulis
ny+ sapu= nyapu
ng+ gawe= nggawe
m+paku= maku
tembunge dadi tembung tanduk
c) ater-ater tripurusa: dak, ko, di
dak +tuku= daktuku
ko+ tuku = kotuku
di + tuku = dituku
tembunge dadi tembung tanggap
d) ater-ater: ka
ka + waca= kawaka
ka +cemplung= kacemplung
e) ater-ater :sa, pa, pi, pra, pari ,tar
sa+ dina = sadina
pa+ piker= pamikir
pi+wulang= piwulang
pra + tandha =pratandha
pari + kena = parikena
tar+buka = tarbuka
f) ater-ater: kuma, kami, kapi
kuma+ wani = kumawani
kami+ sepuh = kamisepuh
kapi +temen =kapitemen
2) Panambangan (=akhiran)
a) Panambang : an
Kobong + an =kobongan
Gawa + an =gawan (dudu gawaan)
Tuku+ an =tukon (dudu tukuan)
Lali+ an = lalen (dudu lalian)
Sore+an = soren (dudu sorean)
Paro+an =paron (dudu paroan)
b) Panambang: i
Jawil+i =jawili
Kandha+ i =kandhani (dudu kandhai)
Nesu+ i =nesoni (dudu kandhai)
Bali+ i =baleni (dudu balii)
Ombe+ i =ombeni (dudu ombei)
Bodho+ i = bodhoni (dudu bodhoi)
c) Panambang : ake
Tulis +ake = tulisake
Tata+ ake = tatakake (dudu tataake)
Turu+ ake =turokke (dudu turuake)
Bali+ ake =balikake (dudu baliake)
Suwe + ake =suwekake (suweake)
Jodho+ake =jodhokake (jodhoake)
d) Panambang: a, na, ana, en
Dudut + a = duduta
Dudut + na = dudutna
Dudut + ana = dudutana
Dudut + en = duduten
Bantu+a = bantua
Bantu+na = bantokna
Bantu+ana =bantonana
Bantu+en =bantunen
Coba tembung-tembung: sapu, ombe, tali, tata, paro wewehana dhewe-dhewe panambang a, na, ana, en.
e) Panambang : ku, mu, e
Omah+ ku =omahku
Omah+mu =omahmu
Omah+e =omahe
Mata+e =matane (dudu matae)
Sapi+e =sapine (dudu sapie)
Kebo+e =kebone (dudu keboe)
Buku+e =bukune (dudu bukue)
f) Panambang :ne , ing
Bapak+ne =bapakne=bapake
Dijaluk+ ne =dijalukne=dijalukake
Swara+ing =swaraning=swarane
Aran+ing =araning=arane
3) Seselan (=sisipan)
a) Seselan: um
Cathel + um = c + um + anthel = cumanthel
Gedhe + um = g + um + edhe =gumedhe
b) Seselan: in
Carita + in = c + in + arita =cinarita
Siram+ in = s + in +iram = siniram
Nanging yen:
Amuk + in = ing +amuk =ingamuk
Inum+in =ing+ inum =inginum
Obong+in =ing+obong =ingobong
Udheg+ in =ing+udheg =ingudheg
Embang+in =ing+emban =ingemban
c) Seselan: i, r
Siwer+ l =s+ l+iwer =sliwer
Kencar+l =k+l+encar =klencar
Kelip+r =k+r+elip =krelip
Canthel +r =c+r+anthel =cranthel
4) Tembung rangkep (=kata ulang)
a) Tembung dwilingga
Ø Dwilingga padha swara
Panas-panas, maca-maca, guru-guru.
Ø Dwilingga salin swara
Etang-etung, wira-wiri, kopat-kapit.
Ø Dwilingga semu
Ondhe-ondhe, undur-undur, andheng-andheng
b) Tembung dwipurwa
Lara =lelara
Guyu =geguyu
Tuku =tetuku
Laku =lelaku
c) Tembung dwiwasana
Benyik=benyinyik
Cuwo=cuwowo
Pethet=pethethet
Penyo=penyonyo
5) Tembung camboran (=kata majemuk
a) Camboran wutuh
Ø Budi pakerti, jalma manungsa, mula buka, edi peni.
Ø Lanang wadon, enom tuwa, bapa biyung, gedhe cilik.
Ø Lemari buku, wayang kulit, montor mabur, pit mini.
Ø Dewa-dewi, putra-putri, bethara-bethari.
Ø Bimaputra, parameswari, pancasila, dwiwarna
b) Camboran wancah
Dhegus, jitus, lunglit, saerah. Thukmis, dubang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar