Tembang Macapat ten Boso Jowo/ Lagu Mocopat di dalam bahasa Jawa/ Song of Mocopat in Javanese
(Sumber: Sukendro, Tresno. 2009. Widya Basa Jawa. Surabaya: Erlangga.)
1) Jinise Tembang Macapat
Jenise tembang ing bebrayan Jawa ana 4, yoiku:
i. Tembang Gedhe utawi tembang Kawi.
ii. Tembang Tengahan utawi tembang Dhagelan.
iii. Tembang Cilik utawa tembang Macapat, lan
iv. Tembang Dolanan
2) Paugerane Tembang Macapat
No. | Tembang Macapat | Guru Sastra | Guru Wilangan | |||||||||
1 | 2 | 3 | 4 | 5 | 6 | 7 | 8 | 9 | 10 | |||
1 | Mijil | 6 | 10i | 6o | 10e | 10i | 6i | 6a | | | | |
2 | Maskumambang | 4 | 12i | 6a | 8i | 8a | | | | | | |
3 | Kinanthi | 6 | 8u | 8i | 8a | 8i | 8a | 8i | | | | |
4 | Sinom | 9 | 8a | 8i | 8a | 8i | 7i | 8u | 7a | 8i | 12a | |
5 | Asmarandana | 7 | 8i | 8a | 8e | 8a | 7a | 8u | 8a | | | |
6 | Durma | 7 | 12a | 7i | 6a | 7a | 8i | 5a | 7i | | | |
7 | Dhandhanggula | 10 | 10i | 10a | 8e | 7u | 9i | 7a | 6u | 8a | 12i | 7a |
8 | Gambuh | 5 | 7u | 10u | 12i | 8u | 8o | | | | | |
9 | Pangkur | 7 | 8a | 11i | 8u | 7a | 12u | 8a | 8i | | | |
10 | Megatruh | 5 | 12u | 8i | 8u | 8i | 8o | | | | | |
11 | Pucung | 4 | 12u | 6a | 8i | 12a | | | | | | |
Tuladha/ Contoh/ Example:
A) Tembang Asmaradana
Jaka Tingkir
(Gerongan: Asmaradana)
Sowanira, kakang patih (8i)
Muwah sagung narapraja (8a)
Apa tan ana bedane (8e)
Aturna ingkang tarwaca (8a)
Dalem munjuk, Sri Narendra (8a)
Narapraja sowan ngarsu (8u)
Sembah bukti, tan lowonga (8a)
Detailaken/ Pendetailan/ Details:
Jaka Tingkir
(Gerongan/ Dari Ubahan Tembang Macapat/ modification from: Asmaradana)
Sowanira, kakang patih (8i)
Muwah sagung narapraja (8a)
Apa tan ana bedane (8e)
Aturna ingkang tarwaca (8a)
Dalem munjuk, Sri Narendra (8a)
Narapraja sowan ngarsu (8u)
Sembah bukti, tan lowonga (8a)
a) Guru Wilangan: cacahe wanda saben sagatra. Tuladha: So-wa-ni-ra, ka-kangpa-tih, dadi cacahe wanda saben sagatra yoiku 8.
Didalam bahasa Indonesia:
Guru wilangan adalah jumlah pemenggalan setiap baris. Contoh: “So-wa-ni-ra, ka-kang pa-tih”, jadi jumlah pemenggaalan kata setiap baris yaitu 8 pemenggalan kata.
b) Guru lagu: dhong-dhinge swara ing pungkasan gatra. Tuladha: “Sowanira, kakang patih”, pungkasan gatrane yoiku: a.
Didalam bahasa Indonesia:
Guru lagu: huruf vocal suara di akhir baris: Contohnya: “Sowanira, kakang patih”, akhiran baris yaitu: a.
c) Guru gatra: cacahe larik saben sapada. Tuladha:
Jaka Tingkir _____Judul
Sowanira, kakang patih __ 1
Muwah sagung narapraja ___ 2
Apa tan ana bedane ___ 3
Aturna ingkang tarwaca ___ 4
Dalem munjuk, Sri Narendra ___ 5
Narapraja sowan ngarsu ___ 6
Sembah bukti, tan lowonga __ 7
Dadi cacahe larik saben gatra yoiku: 7 larik.
Didalam bahasa Indonesia:
Guru gatra: jumlah baris setiap lagu. Contohnya:
Jaka Tingkir ___judul
Sowanira, kakang patih __ 1
Muwah sagung narapraja ___ 2
Apa tan ana bedane ___ 3
Aturna ingkang tarwaca ___ 4
Dalem munjuk, Sri Narendra ___ 5
Narapraja sowan ngarsu ___ 6
Sembah bukti, tan lowonga __ 7
Jadi jumlah baris setiap lagu adalah 7 baris.
B) Tembung Mijil/ Lagu Mijil (carane cepet ngapalaken tembang macapat gawe tembang/ cara cepat menghafalkan macam-macam lagu macapat dengan lagu)
Duk samana durung ana Mijil
Pangkur miwah Sinom
Dhandhanggula durma kinanthine
Gambuh Megatruh lawan Maskentir
Durung ana lair
Kabeh tembang iku
C) Tembang Sinom
Pacitan
i. Mangetan sigra lumampah
Urutan pinggiring pesisir
Wiwit king pesisir Jethak
Bakung Pesisir wus prapti
Sidamulya kang iki
Klebet Lorok tlatahipun
Bawur ing sisih wetan
Pesisir Taman raneki
Sanggya karya suka lelangening driya
ii. Guwa Clangap ing Tulakan
Sudimara Guwa Kambil
Papringan ing Ngadirejo
Somopura tambah malih
Giri Tundha anenggih
Sisih elor Guwa Penthung
Kang manggen ing Tulakan
Jumbuh lan ingkang den rawi
Kang kasusra Pacitan ing Sewu Guwa
iii. Mangaler pariwisata
Prapteng tlatah Arjosari
Ing sendhang Tirta Husada
Toya anget handayani
Usadaning sesakit
Seger sumyah raosipun
Ing dhusung Karangreja
Siram eca kang sinambi
Anjangsana ngiras ngupaya usada
3) Sasmita lan Wewatekane Tembang Macapat
No. | Arane Tembang | Sasmitane | Watake |
1 | Pucung | Pucung, kaluwak, wanda ‘cung’ | Watake sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur |
2 | Maskumambang | Maskumambang, kampul, maskentir, kambang, kentir | Watake susah utawa sedhih lan melas asih, mula cocog kanggo nelakake rasa kasedhihan kang ngenesake. |
3 | Megatruh | Dudukwuluh, truh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh. | Watake sedhid lan kentekan pangarep-arep, mula lumrahe kanggo nelakake crita kang nggrantesake ati. |
4 | Gambuh | Gambuh, buh, jumbuh, tambuh | Watake grapyak, sumanak, mula cocog kanggo nyritakake pitutur. |
5 | Mijil | Mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, medal, sulastri | Watake tinarbuka, mula pantes kanggo nelakake pitutur, nasehat, lan uga crita katresnan utawa asmara. |
6 | Kinanthi | Kinanthi, kanthi, gandheng, kanthil | Watake seneng, tresna asih, mituturo, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih. |
7 | Asmaradana | Asmaradana, asmara, brangta, kingkin, yungyun | Watake tresna asih lan sedhih, mula pantes kanggo nelakake rasa brangta, kayungyun, tresna asih, lan crita katresnan liyane. |
8 | Dhurma | Durma, dur, undur, sirna, galak | Watake galak, sereng, lan ngemu kanepson, mula cocog kanggo nyritakake wong kang nesu lan kahanan paprangan |
9 | Pangkur | Pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka, ungkur | Watake sereng, antepan ati, lan gagah, mula lumrah kanggo nyritakake rasa kagol, mangkelake, pitutur kang disebabake rasa mangkel, lan uga kahanan paprangan |
10 | Sinom | Sinom, taruna, anom, weni, nom, srinata, pamase, logondhang, rema, pangrawit, mudha | Watake sabar, grapyak, lan sumanak, mula lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur |
11 | Dhandhanggula | Sarkara, hartati, dhandhang, madu, manis, sari, bremana, guladrawa, gagak, kaga, tresna | Watake luwes, kewes, lan ndudut ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae, ing ngendi bae, lan kahanan apa bae. |
4) Gawe Tembang Macapat
Tembung Macapat iku duwe sebutan liya yaiku Tembang Cilik. Carane ngarang tembang Macapat mau kanthi nggatekake paugerane tembang yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra iku cacahe larik saben sapada, guru wilangan iku cacahe wanda saben sagatra, lan guru lagu iku dhong-dhinge swara ing pungkasane gatra. Cararane ngarang tembang Macapat supaya luwih gampang kanthi urutane, yaiku:
i. Temokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kokgawe tembang, saengga bisa mangerti wewatakane.
ii. Temtokna tembang apa sing arep kokgawe.
iii. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
iv. Gawea ukara kang salaran karo paugerane tembang.
v. Tlitinen maneh tembung-tembunge, lan ukara-ukara kang kokgawe mau kudu cocog karo paugerane tembang sing kokgawe.
Tuladhane Kapisan:
a) Aku kepingin mituturi marang anak lan putuku supaya padha sregep sinau, ngurmati bapak lan ibu uga tansah nindhakake ibadah supaya dadi generasi kang utama.
b) Tembang kanga rep dakgawe tembang Macapat Kinanthi.
c)
8-u =marang anak lan putuku
8-i =sinaua den taberi
8-a =ngurmati ibu lan bapak
8-i =ndonga ngibadah tan lali
8-a =dadya tunasing nagara
8-i =jer iku laku utami
d) Yen ana tembung utawa ukara kang kurang trep bisa didandani.
Tuladha Kapindho:
i. Aku kepengin menehi cangkriman marang kancaku.
ii. Tembang kang dakkarang tembang Pucung.
iii.
12-u = Bapak pucung, tingkahmu agawe bingung
6-a =anak mbok idaki
8-i =simboke sira elusi
12-a =coba kanca batange cangkriman kula. (batangane=andha)
iv. Yen ana tembung utawa ukara kang kurang trep bisa didandani.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar