Tuladha Carita ten Boso Jowo/ Contoh Cerita Naratif di dalam Bahasa Jawa/ Example Narative in Javanese FOR ELEMENTARY SCHOOL JAVANESE

Tuladha Carita ten Boso Jowo/ Contoh Cerita Naratif di dalam Bahasa Jawa/ Example Narative in Javanese

(Sumber/ source: Soejono, Wahyudi.1988. Kridha Basa Jilid 4.Klaten:PTIntanPariwara.)

A) Lairipun Gathutkaca

            Raden Gathutkaca satriya ing Pringgadani, gagah prakosa sekti mandraguna, tinatah mendat jinara menter. Kacariyos, Raden Gathutkaca otot kawat balung wesi sungsum gegala, driji gunting, sikut palu, dhengkul paron.

            Kala lairipun, Raden Gathutkaca sampun damel ribetipun tiyang sepuh lan kulawarga. Kala semanten boten wonten dedamel ingkang tedhas kangge ngethok puseripun. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang sampun kondhang landhepipun, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gatutkaca.

            Raden Wrkudara judheg penggalihipun. Puseripun Raden Gathutkaca mbadal saliring dedamel. Raden Werkuara lajeng minta sraya dhateng nata ing Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna, paranparanipun kadang Pandhawa.

            Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan nyuwun ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan. Gegancangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng Kahyangan Jonggring Salaka. Kuciwa, Jawa sampun kelajeng maringaken senjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna cuwa ing galih lajeng pamitan wangsul, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Gaman kenging karebat, Raden Harjuna lajeng gegancangan wangsul.

            Dumugi ing griya dedamel lajeng dipun aturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming rangkanipun. Prabu Kresno paring dhawuh, “Dhimas Sena! Aja cilik atimu, Yayi! Kersaning Jawata pancen kudu ngono kuwi. Najan iku mung rangka, nanging bisa mrantasi. Mara age tamakna, Yayi! Sing waspada ya, Dhi!”

            Ampi dhawuhipun Ingkang Raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrkudara boten tidha-tidha. Rangka lajeng katamakaken ing puser. Sanalika puser pedhot, ari-ari musna, rangka sirna manjing ing puseripun jabang bayi. Raden Wrkudara kodheng, lajeng ngendika, “Jlitheng kakangku! Iki piye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ikole kowe, heee!”

            Dhasar Prabu Kresna pangayoming titah sabumi, boten kekilapan dhateng sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon, “Sareh, sareh, Yayi. Pun kakang ora maido yen sliramu padha kodheng. Coba padha mirengna ya, Dhi, ya! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris menawa rangka iku kudu musna manjing ing pusere putramu, sarta dadi sipat kandele. Nanging wanti-wantine pun Kkang, besuk lamun ana curiga ngupadi rangka, Si Adhi kudu waspada. Putramu singitna, ya Dhi!”

            Pangandikanipun Prabu Kresna adamel cumeplongipun Raden Werkudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala semanten Jawata ugi lajeng rawuh mertakaken punang jabangbayi ingkang ngantos nuwuhaken gara-gara  punika. Saking keparengipun para jawata, jabang bayi kapundhut ngampil dipun asta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipun dandosi. Ingkan suwau arupi denawa, sareng dipun dandosi malih dados satriya bagus sarta sekti mandraguna.

            Kala semanten Raden Gathutkaca malah lajeng dipun minta sraya dening Jawata, kadhawuhan numpes parangmuka ingkang bahde ngobrak-abrik Kahyangan Jonggring Salaka. Raden Gathutkaca unggul yudanipun. Mengsahipun para Jawata bibar mawut boten kiyat nandhingi pangamukipun Raden Gathutkaca.

            Sasampunipun purna anggenipun dados srayanipun Jawata, Raden Gathutkaca lajeng dipun teraken wangsul dhateng ngarcapada, dipun pasrahaken dhateng ingkang rama Raden Werkudara saha ingkang ibu Dewi Arimbi. Para Pandhawa sakadang warga dalah nata ing Dwarawati Prabu Sri Bathra Kresna sami asuka-suka bojana andrawina, minangka atur panuwun dhateng Ingkang Murbeng Dumadi, denesampun kaparingan nugraha, arupi momongan inggih pun Raden Gathutkaca.

2) Damarwulan

            Damarwulan putranipun Patih Udara ing Majapait. Ngajengaken lair, ingkang rama lengser anggenipun jumeneng patih, nilar praja lajeng mratapa. Ingkang winisudha gumantos jumeneng patih rayinipun Patih Udara piyambak, jejuluk Rekyana Patih Logender. Wiwit alit Damarwulan dipun gulawentah ibu dalah eyangipun, Begawan Sentanumurti, wonten ing padhepokan Paluamba. Damarwulan dipun predi wekel ing pedamelan, ngertos ing tata krami, bekti lan mbangun miturut dhateng tiyang sepuh, tresna asih dhateng sesame, sumungkem dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, sarta dipun gegulang ing kawruh lair lan batos.

            Ngancik diwasa, ing satunggaling dinten Damarwulan matur dhateng ibu dalah eyangipun. Damarwulan nyuwun palilah badhe suwita dhateng kepatihan. Wigatosipun, Damarwulan kepengin pados indhaking kawruh lan seserepanipun minangka sangu anggenipun badhe leladi dhateng nusa lan bangsanipun. Midhanget aturipun Damarwulan, ibu dalah eyangipun mongkog penggalihipun, sarta sanget anayogyani. Keparengipun ibu dalah eyangipun, bidhalipun Damarwulan dipun dherekaken pamomongipun kekalih, Ki Lurah Sabda palon saha Ki Lurah Nayagenggon. Pamrihipun, samangsa Damarwulan nandhang rubeda punapa dene kepengkok ing pancabaya, wontena rowanipun ingkang kengin dipun aja rerembagan.

            Sowanipun Damarwulan ing kepatihan dipun tampi ingkang paman, Rekyana Patih Logender. Damarwulan dipun paring padamelan dados juru jagi regol. Nanging, sareng ing satunggaling dinten pasulyan kaliyan putra kakungipun Sang Rekyana Patih, inggih punika Raden Layangseta saha Raden Layangkumitir, Damarwulan dipun kendeli. Minangka gantosipun, Damarwulan dipun dadosaken pekathik, juru ngopeni kapal, ngiras dados pangaritipun. Sanajan awrat, padamelan punika dipun tampi saha dipun tindakaken kanthi narimah sala lila legawa.

            Kacariyos, kala semanten negari Majapait saweg  nandhang ribed. Adipati ing Blambangan, Adipati Menakjingga, inggih Sang Prabu Urubisma mbalela. Para Senapati agung Majapait: Adipati Ranggalawe ingTuban, saha Adipati Sindurejoa ing Daha, kekalihipun  sami kapupu ing madyaning paprangan, kawon tandhing kaliyan Prabu Menakjingga. Wondene Adipati Menakkoncar ing Lumajang keplajeng, lajeng jinja boten wani mapagaken krodhanipun Sang Prabu Urubisma.

            Nguningani risakipun wadyabala, Sang Prabu Kenya Dyah Ayu Kencanawungu sakalangkung sungkawa ing galih. Sang Prabu Kenya lajeng manjing ing salebeting sanggar pamujan, nuwun nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih, pinaringana sarana kangge mbengkas reretuning negari, pambalelanipun Sang Prabu Menakjingga.

            Panyuwunipun Sang Prabu katampi. Sang Dyah Ayu tampi wangsiting jawata linuhung ingkang saged gentasi damel nyirep reretuning negari lare saking redim nama pun Damarwulan. Gita-gita, Sang Prabu Kenya Ayu Kencanawungu paring dhawuh dhateng Sang Rekyana Patih, kinen ngupadi larea ingkang kacetha ing salebeting wangsit. Pangandikanipun Sang Prabu Putri menawi ngantos boten pinanggih, Sang Apatih badhe pinraingan pidana ageng. Mireng dhawuh pangandikanipun Sang Prabu Kenya, manahipun Sang Rekyana Patih babar pisan boten ngedhap. Awit, dhapur kaleresan, ing wekdal punika Damarwulan sampun suwita wotnen ing kepatihan. Ringkesing cariyos, Damarwulan lajeng kasowanaken marak wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Kenya Dya Ayu Kencanawungu.

            Terang trawaca dhawuh pangadikanipun Sang Prabu Putri, Damarwulan nyuwun pangestu lajeng bidhal. Lampahipun Damarwulan naming akdherekaken abdi kekalih, boten anganthi wadyabala prajurit ing Majapahit. Pamrihipun supados boten ngawistarani bilih badhe nglurug perang.

            Boten kacariyos reroncening lampah, ing wanci lingsir dalu, kanthi dhedhemitan Damarwulan amnjing ing salebetipun Tamansari Kadipaten Blambangan. Damarwulan kelampah saged aben ajeng kaliyan Sang Prabu Menakjingga. Damarwulan mratelaken wigatining lambah, ndandosaken muntabipun Prabu Menakjingga. Sulayaning rembag nuwuhaken perang tandhing. Damarwulan kaseser. Kininten sampun dumugining palastra, Damarwulan dipun tilar, Prabu Menakjingga kondur manjing ing salebeting puri. Nugrahanipun Gusti Ingkan Maha Asih, sapengkeripun Sang Prabu Menakjingga, Damarwulan angsal pitulungan. Damarwulan saged ndustha pusaka gada wesi kuning, andel-andelipun Sang Prabu Urubisma. Damarwulan lajeng nututi mlebet ing pasareanipun Prabu Menakjingga.

            Wuninga pusakanipun kacepeng ing mengsah, Prabu Menakjingga ngalumpruk tanpa daya, nyipta sampun badhe dumugi titiwancining pejah. Prabu Menakjingga karingkus, lajeng dipun prajaya. Mustakanipun dipun tgas, dipun sowanaken wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Kenya Dya Ayu Kencanawungu. Sirep reretuning negari Majapahit, Sang Dyah Ayu karenan ing galih. Minangka pepulih, Damarwulan kaparingan ganjaran, ngamping-ampingi Sang Prabu Kenya, ngembat panguwaosing negari.

3) Sumantri Ngenger

            Raden Sumantri duwe adhi lanang, jenenge Raden Sukasrana. Raden Sukasrana rupane ala nanging sekti madraguna. Raden Sumantri rukun banget karo adhine. Prasasat, ora tau pisah. Ing ngendi ana Raden Sumantri, ing kono mesti ana Raden Sukasrana.

            Ing sawijing dina Raden Sumantri matur marang ramane, kepengin menyang praja, saperlu golek wuwuhipun kawruh lan pengalamane. Ingkagn rama nayogyani. Raden Sumantri kadhawuhan ngenger marang Prabu Harjunasasrabau ing Maespati. Nanging, ingkang rayi Raden Sukasrana kadhawuhan ninggal awit Raden Sukasrana isih cilik.

            Budhale Raden Sumantri nilapake ingkang rayi. Spraptane Raden Sumantri ana ing ngarsane Prabu Harjunasasra, Raden Sumantri tumuli ngaturake sedyane. Prabu Harjunasasa kersa nampi pangengere Raden Sumantri, angger Raden Sumantri bisa muter Taman Sriwedari menyang Maespati, wuluh ora ana godhonge sing gogrog, sarta ora ana oyode sing pedhot. Raden Sumantri susah lan bingung. Bingung jalaran ruamngsa ora bakal bisa ngelsanani pamundhute Sang Prabu, lan susah jalaran rumangsa ora bakal bisa katampa suwitane. Tekade Raden Sumantri, tinimbang wurung suwitane, aluwung matia bae.

            Nalika Raden Sumantri lagi bingung nggagas apa kang bakal ditindakake, dumadakan mak jleg, Radek Sukasrana wis ngadeg nggejejer ana ing sangarepe Raden Sumantri. Sapandurat, Raden Sukasrana wis bisa nggrayangi apa sing njalari susah lan bingunge Raden Sumantri. Ora nganggo diatag, Raden Sukasrana banjur mabur menyang Taman Sriwedari. Ora nganti memenitan, Raden Sukasranawis tekan Taman Sriwedari. Raden Sukasrana neningaken cipta, nyuwun marang Gusti Kang Akarya Jagat, bisaa muter Taman Sriwedari menyan Maespati, wutuh ora ana kurang luwihe. Panyuwune Raden Sukasrana kepareng. Padha sanalika Taman Sriwedari wis klakon pindah ana ing Negara Maespati.

            Sang Prabu Harjunasasra banget karenan ing galih. Pasuwitane Raden Sumantri ditampa. Sang Prabu ora priksa menawa sing bisa muter Taman Sriwedari iku Raden Sukrasrana, rayine Raden Sumantri.

4) Raden Kumbakarna

            Ing negari Ngalengka ingkang jumeneng nata jejuluk Prabu Dasamuka. Sang Prabu kagungan rayi tiga. Rayu cerawujud raseksa gung aluhur name Raden Kumbakarna. Rayu sumendhi estri, name Sarpakenaka, ugi arupi raseksi. Dene rayi wuragil satriya bagus laus kekasih Raden Gunawan Wibisana.

            Sami-sami raseksa, watak wantunipun Raden Dasamuka kaliyan Raden Kumbakarna punika beda sanget “kaya bumi karo langit”. Raden Dasamuka asor bebudenipun, ambek adigang, adigung, adiguna, daksiya dhateng sesamining dumadi. Wondene Raden Kumbakarna bebudenipun luhur, remen nggayuh kautemen, bekti dhateng asepuh, tresna dhateng nusa lan bangsa.

            Nalika badhe wonten perang ageng mengsah Prabu Ramawijaya, Raden Kumbakarna boten kendhat-kendhat atur pemut dhateng ingkang raka, bilih ingkang lepat punika saestunipun ingkang raka. Lepatipun dene kumawi ndhustha Dewi Sinta, garwanipun Sang Prabu Ramawijaya. Kagalih ngrencangi mengsah, Raden Kumbakarna dipun dukani kathah-kathah, dipun umpah-umpah bebasan “entek ngamek kurang golek”, sarta dipun undhamana anggenipun sampun kersa mukti wibawa wonten negari Ngalengka nanging kirang bekti dhateng kadang sepuh sarta kirang labih labetipun dhateng nusa bangsa. Mireng dukanipun ingkang raka, Raden Kumbakarna klepat kesah, tapa sare.

            Perangipun wadyabala Ngalengka kaliyan bala wanara wadyabalanipun Sang Prabu Rama sakalangkung rame. Negari Ngalengka risak abosah-bosih. Ing pabaratan sasat banjur ludira, malah lajeng mbalabar mlebet ing salebeting puri. Dalasan papan paleremanipun Raden Kumbakarna ugi kebanjiran ludira, njalari Raden Kumbakarna lajeng wungu.

            Kocapa, sareng wuninga risakipun Negara saha kawula ing Ngalengka, Raden Kumbakarna lajeng kegigah penggalihipun. Ciptaning galih, Raden Kumbakarna badhe mangsah yuda mbelani nusa bangsa. Antebing tekadipun: negari Ngalengka tilaranipun suwargi ingkang rama badhe dipun tohi pecahing jaja wutahing ludira. Saestu, Raden Kumbakarna kapupu madyaning rana netepi darmaning satriya tama.

5) Rama Tambak

            Raden Anoman sowan marak wonten ing ngarsanipun Satriya Rama, ngaturaken lelampahanipun anggenipun dipun utus dhateng negari Ngalengka, nakyinaken papan padununganipun Dewi Sinta. Tampi aturipun Raden Anoman, Satriya Rama aljeng dhawuh mbidhalaken wadyabala wanara, nglurug dhateng negari Ngalengka. Dumugi in Redi Mahendra wadyabala wanara makuwon, negari Ngalengka sampun ketinggal cetha.

            Mahendra Ngalengka punika kaelet-eletan ing seganten. Mila, Satriya Rama lajeng dhawuh dhateng wadyabala wanara, kine nambak senganten, kenginga kangge margi nyabrang saking Mahendra dumugi ing Ngalengka. Ingkang dados tetunggulipun wadyabala wanara ingkang sami gugur gunung inggih punika Sang Kapi Anila. Redi dipun jugrugi, siti, sela, saha wit-witanipun dipun usung dipun urugaken ing segangen. Boten dangu tambak sampun  dados, kanamekaken tambak Situ Bandalayu. Wadyabala wanara bidhal nglurug dhateng negari Ngalengka, ndalidir  giyak-giyak asurak-asurak medal ing sanginggilipun tambak.

6) Jaka Kendhil

            Mbok Randha Dhadhapan duwe anak lanang siji jenenge Jaka Kendhil. Jaka Kendhil ala rupane. Cendhek, ireng, tangane kwaga, wetenge bekel, gegere wungsu, lan ora duwe gulu. Mula dijenengake Jaka Kendhil, jalaran rupane memper kendhil.

            Lelakone Jaka Kendhil akeh sing lucu-lucu, ngguyokake. Tau, ana wong duwe gawe kentekan wadha sing arep kanggo madhahi panganan lan lelawuhan. Wong mau noleh ngiwa nengen, weuh kendhil gumlethak. Ora sranta kendhil dijupuk dianggo madhahi ragi. Wayahe wong mau arep nyuguh tamune, kendhil wadhah ragi kuwi digoleki ora ketemu. Bareng wong mau opyak, ana sing kandha Manawa mau ana kendhil mlaku-mlaku ana ing kono. Tibake, kendhil sing mau disaut kanggo wadhah ragi kuwi jebul si Jaka Kendhil.

            Senajan ala tanpa rupa, nanging ing bab jejodhoan Jaka Kendhil dhuwur gegayuhane. Jaka Kendhil kepengin kapundhut mantu ing ratu. Upama ora saka kersane Sing Murbeng Dumadi, nglengkara gegayuhane Jaka Kendhil bisane klakon. Gegayuhan kaya gegayuhane Jaka Kendhil kuwi umume klebu ing paribasan, cebol nggayuh lintang, cocak nguntal elo, utawa: ketepang nrangsang gunung. Nanging giri lusi janma tan kena ingina. Yen Gusti Kang Murbeng Dumadi ngersakake, ora ana kedadean kang ora bisa klakon. Ndilalah, putra wuragile Sang Prabu, nalika dilamar Jaka Kendhil, jebul saguh. Waton, Jaka Kendhil bisa mbatang cangkrimane Sang Putri.

            Wong begja ora kaya Jaka Kendhil. Cangkrimane Sang Putri, sing wong umum padha ora bisa mbatang, tumrape Jaka Kendhil sepele. Paribasane empol pinecok, udhar-udharane gampang, bebasan suwe mijet wohing rati. Ringkesing carita, ing sarehe Jaka Kendhil bisa mbatang cangkrimane Sang Putri, Sang Putri banjur didhaupake karo Jaka Kendhil.


            Nggumunake. Nalika dianakake upacara siraman, disiram sepisan cahyane Jaka Kendhil malih kaya tanggal sepisan, disiram pisan cahyane malih kaya tanggal loro, disiram ping telu, ping papat, ping lima, lan sateruse disiriam ping limalas, rupane malih dadi satriya bagus mulus, pawakane ngiring sungsang, cahyane sumorot kaya bulan purnama. Sekawit ora ana sing ngira, Manawa Jaka Kendhil anak angkate Mbok Randha Dhadhapan iku, sejatine Raden Panji Inu Kertapati putra Kedhiri. Dene Sang Putri, calon sisihane Jaka Kendhil iku, ora liya Dewi Galuh Candra Kirana, garwane Sang Panji piyambak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar