parikan ten boso Jowo/ pantun di dalam bahasa Jawa/ traditional poetry in Javanese
(Sumber/ source: Abikusno. 1988. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Express.)
| Parikan | Artine |
| Manuk emprit, nucuk pari. | Dadi murid, sing taberi. |
| Jemek-jemek, gulane jawa. | Aja ngenyek, padha kanca. |
| Manuk tuhu, mencok pager. | Yen sinau, dadi pinter. |
| Wedang bubuk, tanpa gula. | Ja sok ngantuk, gelis tuwa |
| Wajik kletik, gula jawa. | Luwih becik, sing prasaja. |
| Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi. | Watak putri, kudu titi-ngati-ati |
| Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar. | Lamun sabar, bisa lejar sarta bingar. |
| Kembang kencur, tinandur tepining sumur. | Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur |
| Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong plasa. | Esuk mikir sore mikir, sing dipikir mung golek bandha. |
| Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula. | Piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa. |
| Yen kembang kembang cempaka, dudu kembang arum dalu. | Mumpung sira isih mudha, den asregep ngudi ngelmu |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar