Geguritan ten Boso Jowo/ Puisi di dalam bahasa Jawa/ Poetry in Javanese
(Sumber: Sukendro, Tresno. 2009. Widya Basa Jawa. Surabaya: Erlangga.)
1) Ngarang Geguritan
Pepeling
Puisi Jawa ing jagading sastra Jawa gagrag anyar diarani guritan utawa geguritan. Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, anangin isih ngugemi anane rasa kaendahan. Mula saka iku geguritan uga diarani puisi bebase sastra Jawa.
Endhing geguritan dumunung ing:
a) Pilihane tetembung sing mantes, trep, lan mantesi;
b) Nggunakake wirama utawa lagune;
c) Busanane basa kang maneka warna.
Pituduh
Gawe geguritan iku sejatine ora beda karo gawe karangan prosa. Bedane, tembung kang digunakake ing geguritan iku ora rowa kaya ing prosa. Mulane penggurit kudu pinter anggone milih tembung (diksi). Wirama utawa lagune sarta prenesane basa kudu diudi. Sing ora kalah wigati yaiku tetembung kebak makna kias yaiku makna kang ora salugune.
Yen arep ngarang geguritan, bab-bab sing kudu ditindakake, yaiku:
i. Pilihen objek lan topic sing arep kokcritakake;
ii. Luwih apik yen topic mau rupa pengalaman kang ngresepake;
iii. Critakna pangalaman mau nganggo basa kang endah;
iv. Kowe bisa nyritakake ana sajrone bait luwih saka siji;
v. Wacanen bola-bali, yen ana tembung kang kurang trep owahana.
Kanggo miwiti nulis geguritan lan sastra jinis liyane kudu duwe kuwanen medharake ide, gagasan, lan rasa kang ngganjel ing ati. Rasa wani nulis mau yen dibiyasakake bakal dadi trampil lan sansaya gampang ngarang utawa nulis. Prinsipe: tulisen apa wae sing pingin koktulis. Perkara wujud mengkone bakal sumrinthil dhewe.
2) Maca geguritan kanthi Penghayatan kang becik
Pituduh
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, bab-bab sing kudu digatekake, yaiku:
i. Mangertini isi lan karepe geguritane kasebut, banjur dirasakake;
ii. Kudu nggatekake pocapan lan wiramane;
iii. Bisa maragakake kanthi mimic lan ekspresi sing trep.
Tuladha/ Contohnya/ Example:
Dakpilih Pangrasa Kinasih
(dening: Anie Soemarno)
pangrasa kinasih ya pangrasa sing
bisa ngrasakake ngelih
ing wetenge wong-wong sing abot
sanggane urip saben dinane
alusing budi lan aruming wicara
jumbuh karo grenjet, greget
budidaya
nyukupi buthe warga sabangsa
pangrasa kinasih ya pangrasa sing
kaya lekase wong tuwa
sadurunge si anak ngrerepa
wis ngreti butuhe apa
paribasan angur wetenge dhewe luwe
tinimbang si anak sambat ngaru-ara
dakpilih pangrasa kinasih ya pangrasa sing
lisane sembada karo tumindake
ora mung janji-janji sagumuk
tibane mung pambujuk
pangrasa kinasih ya pangrasa sing pinilih
(Sumber: Panyebar Semangat, No. 42/ 2005)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar