Tuladha Deskripsi Tokoh ten Boso Jowo/ Contoh Deskripsi tentang tokoh di dalam bahasa Jawa/ Example Description about famous people in Javanese FOR ELEMENTARY SCHOOL JAVANESE

Tuladha Deskripsi Tokoh ten Boso Jowo/ Contoh Deskripsi tentang tokoh di dalam bahasa Jawa/ Example Description about famous people in Javanese

(Sumber/ source: Soejono, Wahyudi.1988. Kridha Basa Jilid 4.Klaten:PTIntanPariwara.)

1) Ki Hajar Dewantara

            Ki Hajar Dewantara miyos kala tanggal 2 Mei 1889. Asma timuripun Raden Mas Suwardi Suryaningrat. Kala sugengipun, Ki Hajar Dewantara nate ngasta dados wartawan, mbiyantu nyerat wonten ing kalawarti saha ariwarti warna-warni, kadosta wonten ing ariwati Sedyatama.

            Sesarengan kaliyan dokter Cipta Mangunkusuma saha Douwes Dekker, Ki Hajar Dewantara sengkut nggigah semangating bangsanipun murih sami gumregah mbudidaya uwal saking regemaning penjajah. Karanganipun ingkan ngewrat panyedha utawi kritik dhumateng kaum penjajah njalari Ki Hajar Dewantara kakendhangaken dhateng negeri Walandi. Pamrihipun supados boten saged ngesuhi bangsanipun nduwa dhateng panguwaosipun kaum penjajah.

            Dhasar priyantu tatag lan prigel. Wotnen ing negari Walandi Ki Hajar Dewantara boten pepes lan boten nglokro penggalihipun. Ki Hajar Dewantara malah lajeng ngangsu kawruh warna-warni babagan panggula-wenthah. Gangsal taun laminpun Ki Hajar Dewantara kabucal wonten ing negari Walandi. Kala tahun 1918, Ki Hajar Dewantara dipun llani kundur dhateng Indonesia, tanah-wutahrahipun ingkan sakelangkung dipun tresnani.

            Sakonduripun saking negari Walandi, Ki Hajar Dewantara wangsung sengkut anggenipun mbudidaya murih bangsanipun dados bangsa mardika, bangsa majeng sami kaliyan bangsa-bangsa sane sing saindengin bawana. Minangka sarana kangge nggayuh idham-idhaminpun punika, Ki Hajar Dewantara ngrancang bahde ngedegaken pawiyatan ingkang migunani tumrap ajenging nusa lan bangsa. Rancangna punika kelampahan dados. Kala tanggal 3 Juli 1922 Ki Hajar Dewantara ngepyakaken adegipun pawiyatan Taman Siswa. Ing babagan panggula-wenthah Ki Hajar Dewantara kagungan sesanti, “Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani”.

            Kala tanggal 15 Oktober 1959 Ki Hajar Dewantara seda, layonipun dipun sarekaken wonten ing pasareyan Wijaya Brata ing Ngayogyakarta. Ki Hajar Dewantara sampun seda, nanging asma lan lelabetanipun dhateng nusa lan bangsa lestantun ngambar wonten ing sanubarinipun bangsa Indonesia.

            Minangka pakurmatan tumrap agenging lelabetanipun Ki Hajar Dewantara ing babagan panggula-wenthahing bangsa, dinten wiyosipun Ki Hajar Dewantara tanggal 2 Mei katetepaken dados dinten ageng, Hari Pendidikan Nasional. Wondene sesanti “Tut Wuri Handayani” ugi lajeng piniji dados sesantinipun Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.

2) Raden Ajeng Kartini

            Saben tanggal 21 April bangsa Indonesia mengeti dinten ageng, dinten wiyosanipun suwargi Ibu Raden Ajeng Kartini. Raden Ajeng Kartini miyos wonten ing dhusun Mayong kala tanggal 21 April 1879. Satunggal taun sasampunipun Raden Ajeng Kartini miyos, ingkang rama, Raden Mas Sasradiningrat, winisudha dados bupati ing Jepara. Dinten wiyosanipun Raden Ajeng Kartini dipun pengeti sedaya bangsa Indonesia, awit Raden Ajeng Kartini ageng lelabetanipun dhumateng nusa lan bangsa, langkung-langkung tumrap ajengipun para wanita.

            Sugeningpun Raden Ajeng Kartini kabanda ing adat pingitan. Liripun, kala jaman sugengipun Raden Ajeng Kartini, para wanita ingkang sampun ngancik diwasa kedah tansah kecaket ing rama ibu, boten kengin medal saking griya. Punapa malih srawung ingkang sipatipun bebas dipun awisi saestu.

            Yuswa tigawelas taun mlampah, Raden Ajeng Kartini tamat sekolah rakyat. Raden Ajeng Kartini kepengin nglajengaken pasinaonipun, saperlu cecawis sangu anggenipun badhe mbudidaya njunjung drajating bangsanipun, langkung-langkung drajatipun kaum wanita. Raden Ajeng Kartini ngaturaken pepenginanipun dhateng rama lan ibunipun, nanging ingkang rama dalah ingkang ibu boten nayogyani. Malah wiwit nalika semanten Raden Ajeng Kartini lajeng dipun pingit. Ewosemanten, penggalihipun Raden Ajeng Kartini boten nglokro. Lumentar serat, Raden Ajeng Kartini nglajengaken sesambetanipun kaliyan kanca-kancanipun bangsa Walandi. Saya dangu pepenginanipun Raden Ajeng Kartini anggenipun badhe njunjung drajatipun kaum wanita boten saya mendha, malah saya makantar-kantar.

            Raden Ajeng Kartini kelampah saged ngedegaken pamulangan kangge lare-lare estri. Pamulangan punika dipun namekaken Pamulangan Kartini. Wonten ing Pamulangan Kartini lare-lare estri sami dipun wucal maos, nyerat, etang, lan keprigelan warna-werni, kadosta: nyongket, nyulam, saha njait.

            Yuswa kawan likur tahun, Raden Ajeng Kartini kapundhut garwa Raden Adipati Joyoadiningrat, Bupati Rembang Raden Ajeng Kartini lajeng kaboyong dhateng Rembang. Raden Adipati Joyoadiningrat nyarujuki saha mbiyantu tumrap adegipun Pamulangan Kartini. Saya dangu Pamulangan Kartini saya ngrembaka. Pamulangan Kartini tuwuh ing kitha-kitha ageng ing TanahJawi. Kadosta: ing Semarang, Surabaya, Malang, Madiyun, Ngayogyakarta, saha Cirebon.


            Tahun 1904, sekawan dinten sasampunipun mbabar putra, Raden Ajeng Kartini seda. Sampun satunggal atus taun Raden Ajeng Kartini marak wonten ing pangayunanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Ewasemanten asmanipun Raden Ajeng Kartini lestantun cinandhi wonten ing sabubaripun bangsa Indonesia, awit Raden Ajeng Kartini ageng lelabetanipun dhateng nusa lan bangsa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar