Rurabasa ten Boso Jowo/ isyarat perintah pendek di dalam bahasa Jawa/cues in short order in the Java language
(Sumber/ source: Abikusno. 1988. Pepak Basa. Surabaya: Express.)
| | Panjelase (JAVANESE) |
| Adang sego | Adang beras supaya dadi sega |
| Kelan lodheh | Nggodhog jejagan supaya dadi lodheh |
| Mbathik iket | Mbathik mori supaya dadi iket |
| Mbunteli tempe | Mbunteli kedhele godhog dimomori ragi supaya dadi tempe |
| Menek jeruk | Menek wit jeruk |
| Ndheplok gethuk | Ndheplok tela godhog supaya dadi gethuk |
| Ndondomi klambi | Ndondomi kain supaya dadi klambi |
| Ndhudhuk sumur | Ndhudhuk lemah digawe sumur |
| Mikul sate | Mikul wadhah isi sate |
| Negor gedhang | Negor wit gedhang |
| Nenun sarung | Nenun benang supaya dadi sarung |
| Netel jadah | Netel ketan sing wis didang supaya dadi jadah |
| Ngekum landha | Ngekum arenge merang supaya dadi landha |
| Ngenam klasa | Ngenam pandham suapaya dadi klasa |
| Ngenam kepang | Ngenam rambut supaya dadi kepang (klabang rambut) |
| Nggodhog wedang | Nggodhog banyu supaya dadi wedang |
| Nglinting rokok | Nglinting mbako karo klobot supaya dadi rokok |
| Nguleg sambel | Nguleg Lombok, uyah, lan trasi digawe sambel |
| Nulis layang | Nulisi dlluwang supaya dadi laying |
| Nunggu manuk | Nunggu sawah supaya parine ora dithotholi manuk |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar