KERATA BASA ten Boso Jowo/ KIRATA BASA di dalam bahasa Jawa/ Kirata Language in Java language
(Sumber: Abikusno. 1988. Pepak Basa. Surabaya: Express.)
| (JAVANESE) | ditegesi (JAVANESE) |
| Bapak | Bab apa-apa pepak (pepak kawruh lan pangalaman) |
| Batur | Embat-embataning tutur (samangsa-mangsa bisa dijak mupakatan) |
| Bocah | Mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah |
| Brekat | Mak breg diangkat |
| Cangkir | Dianggo nyancang pikir |
| Cengkir | Kencenging pikir |
| Copet | Ngaco karo mepet-mepet |
| Denawa | Ngeden hawa (nguja hawa napsu) |
| Desember | Gedhe-gedhe sumber |
| Garwa | Sigaraning nyawa |
| Gedhang | Digeget lebar madhang; saged padhang |
| Gerang | Segere wis arang |
| Guru | Digugu lan ditiru |
| Januari | Hujan sehari-hari |
| Kaji | Tekade siji (ngantebi panembahe marang Gusti Alla) |
| Kodhok | Teko-teko ndhodhok |
| kotang | Sikute diutang |
| krikil | Keri ing sikil |
| kuping | Kaku ngepiping |
| kupluk | Kaku nyempuluk |
| kursi | Yen diungkurake banjur isi |
| ludruk | Gulune gela-gelo, sikile gedrag-gedrug |
| maling | Njupuk amale wong sing ora eling |
| mantu | Dieman-eman meksa metu |
| prawan | Yen papara (lelungan) kudu wayah awan |
| saru | Kasar lan keleru |
| sekuter | Samba sedheku mlaku banter |
| sepuh | Sabdane ampuh |
| simah | Isining omah |
| sirah | Isining rah |
| siti | Isi bulu bekti |
| sopir | Yen ngaso mampir (ing warung) |
| sruwal | Saru yen nganti uwal |
| tandur | Nata karo mundur |
| tapa | Tatane koyo wong papa |
| tarub | Ditata supaya katon murub (asri) |
| tayub | Ditata supaya katon guyub |
| tebu | Antebing kalbu (mungguh wong duwe gawe sing mawa rerenggan tebu) |
| tepas | Titip napas |
| tuwa | Ngenteni metune nyawa; untune wis rowa |
| wanita | Wani ing tata |
| wedang | Dianggo gawe adang |
| weteng | Ruwet tur peteng |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar